JALUR LIRIC LANGGAM JAWA

Posted by Ragil Putra Desa Minggu, 04 Maret 2012 1 komentar

Pepiling

Wis wancine tansah dielingke
Wis wancine podo nindakake
Adzan wis kumandang
Wayahe sembahyang
Netepi wajib dawuhe pangeran
Sholat dadi cagake agomo
Limang wektu kudu tansah di jogo
Kanti istikomah
Lan sing tumakninah
Luwih sampurno yen berjamaah

Subuh dhuhur lan asar
Sholat sayekti ngedohake tindak mungkar
Magrib lan isak jangkepe
Prayogane ditambah sholat sunahe

Jo sembrono iku printah agomo
Elingono neng dunyo mungsedelo
Tabah lan tawakal
Pasrah sing kuwoso
Yen kepingin besuk munggah suwargo


Ireng Manis

Yen kelingan lelakon ku cah manis
Naliko ing pamulangan
Aku duwe konco putri, grapyak
Ayu lahir lan bathine

Bareng dolan ning omahku, perlune
Mung sinau bebarengan
Suwe-suwe aku tresno margo
Kelingan ireng manise

Nanging cuwo, ora biso urip bebarengan
Senajan aku wis sumpah, tetep tresno lahir bathin, eee,eee.

Mung jalaran pepisahan, dipekso omah omah wong tuwane
Tresnaku ra biso ilang, margo kelingan ireng manise


Srihuning

Srihuning mustiko Tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang Raden Wiratmoyo
Kang wis prasetyo anyambut krami

Srihuning datan nggrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putraniro
Rongglawe Adipati Tuban

Srihuning putrane abdi
wongso pati nalikane uni
kapupuh ing madya logo
perang tanding lawan Minak Jinggo

katresnane Wiratmoyo
tinampi dening Roro Srihuning
senadjan bebasaniro
prapteng lampus alabuh negoro


Tresno sudro

Abote wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo kang tansah merak ati

Saben dino rabiso lali
Mung kelingan esemu
Sampek kapan aku ra ngerti
Biso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro
Tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwomu ngumbar sujono
Tansah ngiro aku wong durjono

Dalan-dalan sing tak liwati
Ngalor ngidul mung dengkul
Paribasan turu klesetan
Uripku tansah kebak pacoban

Cah ayu-cah ayu tak enteni
Lilane wong tuwamu marengke kowe
Sing sabar-sing sabar yo tresnaku
Ing tembe mburi bakal dadi duweku

duh gusti sing tak puji
paringono dalan kanggo tresnaku
 
Ojo di pleroki

Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
karepku njaluk di esemi
tingkah lakumu kudu ngerti coro
ojo ditinggal kapribaden ketimuran
mengko gek keri ing jaman
mbok yo sing eling
eling bab opo?
iku budoyo
pancene bener kandamu


Kesumaning Ati

Kusumaning ati
Duh wong bagus kang tak anti-anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku

Biyen nate janji
Tak ugemi ora bakal lali
njur kelingan jroning ati
Sak bedahing bumi

Kadung koyo ngene
Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake

Amung pamujiku
Mugo-mugo rak ono rubedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo
Ora kondo-kondo


Lingsir Wengi

Lingsir wengi
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngreridhu ati
Kawitane
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane aku dewe kang nemahi
Nandang bronto
Kadung loro
Sambat-sambat sopo
Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi


Keno Gudho

Nalikane dek jaman semono
Tresnamu setyo lan tuhu
Anane mung tansah ngalembono
Jujur ora nate cidro
Mulo aku tansah animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Mulo aku tansah animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho

Ojo Lamis
Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
Tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni
Thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo wong demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung bisa mukti

TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: JALUR LIRIC LANGGAM JAWA
Ditulis oleh Ragil Putra Desa
Rating Blog 5 dari 5
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://balada-sangpengembara.blogspot.com/2012/03/jalur-liric-langgam-jawa_04.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini.

1 komentar:

Sofyan Efendi mengatakan...

Mp3'nya sekalian dong..,

Posting Komentar

Visitors

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Template by Cara Membuat Email | Copyright of CATATAN KELAS FAQIH.