JALUR LIRIC LANGGAM JAWA

Posted by Ragil Putra Desa Minggu, 04 Maret 2012 0 komentar

Langgam “Jenang Gulo”


Jenang gulo kowe ojo lali
Marang aku iki, cah ayu
Nalikane nandang susah
 sopo sing ngancani

Dek semono aku tetep setyo sarto tetep tresno
Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwa

Ning sak iki bareng mukti
kowe kok njur malah lali, marang aku
Sithik sithik mesti nesu
Terus ngajak padu ....
jo ngono ojo ngono....

Opo kowe pancen ra kelingan
 jamane dek mbiyen cah ayu
Kowe janji bungah susah pada di lakoni


Langgam “LUNTUR”

Yen lunturo wenterane
Ora kaya yen luntur tresnane
Tekan tekane atine
Kaya kaya mung sak sire dewe

Ora sembada biyene
Saben dina mung tansah methuke
Saben kepethuk tembunge
Angrerepo dadiyo duweke

Ora maido
Kala mangsa mung sok gawe gelo
Ewo semono nganti bisa anglunturke tresno
Ditambakno mrono mrene
Tiwas tiwas ndedowo lelarane
Nanging tombo sejatine
Ora liyo mung awake dewe


Lgm LARA BRANTA

Yen kelingan mring sliramu, aduh..
Kaya rinujit atiku
Yen siang tansah katon malelo
Dalu datan bisa nendro

Apa sliramu wis lali tenan
Dhek semono nate janji
Sedyo arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni

Nanging aku ora ngiro
Yen sliramu bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo
Banjur kromo

Ora nganggo kandha-khanda.....

Opo pancen wis pesthine aduh...
Aku mung kudu narimo
Sapa kang bisa paring usada
Wong kang nandang lara branta


Bowo : yen ing tawang ana lintang
                                                                                                 
Yen ing tawang ana lintang
Wong bagus/wong ayu aku ngenteni
Marang mega ing angkasa
Sun takon wartane reki
Janji-jani ku eling
Sumedot rasaning tyas ingsun
Nimas ingsun prasapa
Sineksenan bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan

yen ing tawang ana lintang

Yen ing tawang ana lintang, wong bagus/wong ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, kangmas/nimas
Sun takokne pawartamu

Janji-jani aku eling, wong bagus
Sumedot rasane ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, kangmas/nimas
Tresnaku sundul wiyati

Dek semana janjimu disekseni
Mega kartika  ka iring rasa tresna asih


Yen ing tawang ana lintang wong bagus/wong ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swarane ratri kangmas/nimas
Ngenteni wulan ndadari
TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: JALUR LIRIC LANGGAM JAWA
Ditulis oleh Ragil Putra Desa
Rating Blog 5 dari 5
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://balada-sangpengembara.blogspot.com/2012/03/jalur-liric-langgam-jawa.html. Terima kasih sudah singgah membaca artikel ini.

0 komentar:

Posting Komentar

Visitors

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Template by Cara Membuat Email | Copyright of CATATAN KELAS FAQIH.